14 Merga seneng banget, Daud nari-nari ing sekitaré Pethiné Yéhuwah. Wektu kuwi, dhèwèké nganggo éfod saka linèn.+ 15 Daud lan kabèh wong Israèl nggawa Pethiné+ Yéhuwah lan ngrasa seneng banget. Kabèh wong kuwi padha sorak-sorak+ lan ngunèkké trompèt.+