-
Purwaning Dumadi 26:3-5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Kowé kudu manggon dadi wong asing ing tanah iki.+ Aku bakal mbantu kowé lan mberkahi kowé merga kabèh tanah iki+ bakal Tak wènèhké marang kowé lan keturunanmu.* Aku bakal nepati sumpah-Ku karo Abraham bapakmu,+ 4 ’Aku bakal nggawé keturunanmu* dadi akèh banget kaya bintang ing langit.+ Aku bakal mènèhké kabèh tanah iki+ marang keturunanmu.* Liwat keturunanmu, kabèh bangsa ing bumi bakal éntuk berkah,’+ 5 merga Abraham ngrungokké omonganku lan terus manut karo préntah-Ku, peraturan-Ku, lan hukum-Ku.+ Dhèwèké ya terus nglakoni kabèh sing Tak karepké.”
-