5 Bar kuwi, wong-wong Lèwi, yaiku Yésyua, Kadmièl, Bani, Hasyabnéya, Syérébia, Hodia, Syébania, lan Pétahia, kandha, ”Ngadega lan pujinen Yéhuwah Gusti Allahmu nganti saklawasé.+ Oh Gusti Allah, muga-muga wong-wong kuwi muji jeneng-Mu sing mulya, sing pantes dipuji lan diluhurké.