-
2 Samuèl 7:21-24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
21 Kabèh tumindaké Njenengan kuwi hébat, lan Njenengan nduduhké kabèh kuwi marang abdi-Mu, merga kuwi karepé Njenengan lan kuwi janjiné Njenengan.+ 22 Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, kuwi sebabé Njenengan bener-bener hébat.+ Ora ana sing kaya Njenengan,+ lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.+ Aku dadi yakin merga apa sing tak rungokké. 23 Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl umat-Mu?+ Gusti Allah wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté.+ Gusti Allah nggawé mukjijat sing hébat+ lan luar biasa bèn jenengé saya dikenal.+ Njenengan ngusir bangsa-bangsa lan allah-allahé kanggo kepentingané umat-Mu, yaiku wong-wong sing wis Njenengan tebus saka Mesir. 24 Njenengan nggawé bangsa Israèl dadi umat-Mu nganti saklawasé.+ Oh Yéhuwah, Njenengan wis dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+
-