7 ”Aku bakal nepati perjanjian-Ku karo kowé+ lan karo kabèh keturunanmu.* Perjanjian iki bakal ana sakterusé. Aku bakal dadi Gusti Allahmu lan Gusti Allahé keturunanmu.*
6 Kowé kuwi bangsa sing suci kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu. Saka antarané kabèh bangsa ing bumi,+ Yéhuwah Gusti Allahmu wis milih kowé dadi umaté, yaiku umaté sing istiméwa.*
9 Kowé ngerti tenan nèk Yéhuwah Gusti Allahmu kuwi Gusti Allah sing bener lan setya. Dhèwèké nepati perjanjiané lan nresnani* keturunané wong sing nresnani Dhèwèké lan nindakké préntahé.+