-
1 Samuèl 27:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Daud lan anak buahé kerep nyerang wong Gésyur,+ wong Girzi, lan wong Amalèk.+ Wong-wong kuwi manggon ing dhaérah sing wilayahé saka Télam nganti Syur+ lan Mesir. 9 Pas Daud nyerang dhaérah-dhaérah kuwi, dhèwèké matèni kabèh wong lanang lan wong wédok.+ Ning, Daud njupuk kambing, domba, sapi, keledai, unta, lan klambi. Bar kuwi, dhèwèké bali marang Akhis.
-
-
1 Samuèl 30:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Daud isa nggawa bali manèh kabèh barang sing dirampas wong Amalèk,+ lan bojoné loro ya dibébaské.
-
-
1 Samuèl 30:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Terus, Daud njupuk kabèh kambing, domba, lan sapiné wong Amalèk. Ternak-ternak kuwi digiring ing ngarepé ternak-ternaké Daud sing mauné dirampas wong Amalèk. Anak buahé Daud kandha, ”Iki jarahané Daud.”
-