PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Samuèl 10:1-5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus, rajané wong Ammon+ mati, lan anaké lanang sing jenengé Hanun dadi raja nggantèni dhèwèké.+ 2 Mula Daud kandha, ”Merga Nahas wis apikan* karo aku, aku ya bakal apikan* karo Hanun anaké Nahas.” Terus, Daud ngongkon para abdiné menghibur Hanun sing kélangan bapaké. Ning, pas para abdiné Daud tekan ing tanahé wong Ammon, 3 para pemimpiné wong Ammon kandha marang Hanun rajané, ”Nurut njenengan, apa tenan Daud ngirim para abdiné mréné arep menghibur njenengan merga ngajèni bapaké njenengan? Isa waé Daud ngutus para abdiné kuwi bèn isa nyelidiki kutha iki, dadi mata-mata, terus ngalahké kutha iki.” 4 Mula, Hanun nangkep para abdiné Daud. Hanun nyukur tipis bréwoké+ para abdiné Daud, ngethok klambiné wong-wong kuwi nganti sak pinggang, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga. 5 Pas Daud dikandhani, dhèwèké langsung ngongkon wong nemoni para abdiné mau, merga para abdiné mau wis digawé isin banget. Raja kandha, ”Kowé isa manggon ing Yérikho+ nganti bréwokmu thukul manèh, bar kuwi kowé isa bali mréné.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim