-
Purwaning Dumadi 49:8-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”Kowé Yéhuda,+ kowé bakal dipuji karo kakang adhimu.+ Kowé bakal ngalahké mungsuhmu.*+ Anak-anaké lanang bapakmu bakal mbungkuk ing ngarepmu.+ 9 Yéhuda kuwi anak singa.+ Anakku, sakwisé mangan buruanmu, kowé bakal lunga. Dhèwèké turonan lan awaké ngolèt kaya singa. Merga kaya singa, sapa sing wani nggugah? 10 Tongkat kerajaan ora bakal dijupuk saka Yéhuda,+ lan tongkat pamréntahan ana ing antarané sikilé, nganti Syilo* teka,+ lan kabèh wong bakal manut karo dhèwèké.*+ 11 Dhèwèké nalèni keledainé ing wit anggur lan nalèni anak keledainé ing wit anggur sing apik banget. Dhèwèké bakal ngumbah klambiné ing anggur lan jubahé ing sari buah anggur. 12 Mripaté abang merga ngombé anggur, lan untuné putih merga ngombé susu.
-