13 Raja Salomo ngirim utusan kanggo methuk Hiram+ saka Tirus. 14 Hiram kuwi anaké randha saka suku Naftali, lan bapaké kuwi tukang tembaga+ saka Tirus. Hiram kuwi wong sing trampil, pinter,+ lan nduwé akèh pengalaman soal gawéan tembaga. Hiram teka lan nindakké kabèh sing ditugaské Raja Salomo.