-
1 Babad 16:41, 42Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
41 Bareng karo wong-wong kuwi, ana Héman, Yédutun,+ lan wong-wong sing dipilih kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah,+ merga ”katresnané* ana saklawasé”.+ 42 Bareng karo wong-wong kuwi, Héman+ lan Yédutun ngunèkké trompèt, simbal, lan alat-alat musik kanggo muji* Gusti Allah sing bener. Anak-anaké lanang Yédutun+ tugas ing gerbang.
-
-
2 Babad 5:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Wektu para imam metu saka panggonan suci (merga kabèh imam sing ana ing kono wis padha nyucèkké badan,+ embuh dhèwèké saka kelompok ngendi),+ 12 para penyanyi+ Lèwi sing sak kelompok karo Asaf,+ Héman,+ Yédutun,+ lan karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré, padha nggawa simbal, alat musik sing nganggo senar, lan harpa. Wong-wong kuwi nganggo klambi saka bahan alus lan ngadeg ing sisih wétan mézbah, bareng karo 120 imam sing nyebul trompèt.+
-
-
2 Babad 35:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Para penyanyi, yaiku keturunané Asaf,+ ana ing panggonané dhéwé-dhéwé kaya sing dipréntahké Daud,+ Asaf,+ Héman, lan Yédutun+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah. Para penjaga gerbang ana ing gerbang sing béda-béda.+ Wong-wong kuwi ora usah ninggalké tugasé, merga sedulur-seduluré, yaiku wong Lèwi, wis nggawé persiapan kanggo wong-wong kuwi.
-