-
Pangentasan 18:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Musa milih wong-wong lanang Israèl sing trampil lan mènèhi wong-wong kuwi tugas dadi pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, lan pemimpiné wong sepuluh.
-
-
Pangandharing Torèt 1:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Mula, aku milih para kepala suku saka suku-sukumu, yaiku wong-wong lanang sing wicaksana lan nduwé akèh pengalaman. Wong-wong kuwi tak dadèkké pemimpiné wong sèwu, pemimpiné wong satus, pemimpiné wong sèket, pemimpiné wong sepuluh, lan pemimpiné suku-sukumu.+
-
-
1 Samuèl 8:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Samuèl kandha, ”Iki sing bakal dadi haké raja sing bakal mréntah kowé:+ Raja kuwi bakal njupuk anak-anakmu lanang.+ Anak-anakmu kuwi bakal ditugaské ing kréta perangé+ lan didadèkké pasukan sing numpak jaran.+ Ana sing bakal dikongkon mlayu ing ngarep kréta perangé. 12 Raja kuwi ya bakal milih para pemimpiné wong sèwu+ lan pemimpiné wong sèket.+ Ana sing bakal mbajak ladhangé,+ manèn hasilé,+ lan nggawé senjata perang lan perlengkapan krétané.+
-