-
Yérémia 26:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 ”Mikha+ saka Morèsyèt tau ngramal pas jamané Hizkia+ raja Yéhuda. Dhèwèké kandha marang kabèh wong Yéhuda, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan:
”Zion bakal dibajak kaya ladhang,
Yérusalèm bakal dadi kutha sing hancur,+
Gunung panggonané omahé Gusti Allah* bakal dadi kaya hutan.”’+
19 ”Apa Hizkia raja Yéhuda lan kabèh wong Yéhuda matèni Mikha? Raja kan malah wedi marang Yéhuwah lan njaluk dimesakké Yéhuwah, ta? Mula, Yéhuwah berubah pikiran* soal bencana sing wis diomongké marang wong-wong kuwi.+ Dadi, nèk awaké dhéwé nindakké kaya ngono kuwi,* mengko awaké dhéwé isa kena bencana merga salahé awaké dhéwé.
-