-
2 Para Raja 20:8-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Sakdurungé kuwi, Hizkia tau takon marang Nabi Yésaya, ”Apa tandhané+ nèk Yéhuwah bakal marèkké aku lan aku bakal lunga ing omahé Yéhuwah pas dina ketelu?” 9 Yésaya njawab, ”Iki tandha saka Yéhuwah nèk Yéhuwah bakal nepati janjiné: Kowé péngin bayangan saka undhak-undhakan* iki munggah sepuluh langkah utawa mudhun sepuluh langkah?”+ 10 Hizkia njawab, ”Munggah sepuluh langkah luwih gampang timbang mudhun sepuluh langkah.” 11 Mula Nabi Yésaya ndonga marang Yéhuwah, lan Gusti Allah nggawé bayangan saka undhak-undhakané Ahaz kuwi munggah sepuluh langkah.+
-