PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 21:7-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Dhèwèké ndèlèhké patung cagak suci*+ gawéané ing omahé Gusti Allah, padahal Yéhuwah wis kandha marang Daud lan Salomo anaké, ”Ing omah iki lan ing Yérusalèm, yaiku kutha sing Tak pilih saka antarané wilayah suku-suku Israèl, Aku bakal ndèlèhké jeneng-Ku kanggo sakterusé.+ 8 Aku ora bakal nggawé wong Israèl ninggalké manèh tanah sing wis Tak wènèhké marang nènèk moyangé,+ ning wong-wong kuwi kudu bener-bener nindakké kabèh préntah-Ku,+ yaiku kabèh Hukum sing wis dipréntahké Musa abdi-Ku.” 9 Ning wong-wong kuwi ora manut, lan Manasyé terus mblasukké wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi nindakké sing luwih jahat timbang bangsa-bangsa sing wis disingkirké Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.+

  • 2 Para Raja 23:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Yéhuwah kandha, ”Aku bakal nyingkirké Yéhuda saka ngarep-Ku,+ kaya Aku nyingkirké Israèl.+ Aku bakal nolak kutha Yérusalèm sing wis Tak pilih iki lan nolak omah sing mbiyèn Aku tau kandha, ’Jeneng-Ku bakal tetep ana ing kono.’”+

  • 2 Babad 7:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Aku wis milih lan nyucèkké omah iki supaya jeneng-Ku ana ing kono sakterusé.+ Aku bakal terus nggatèkké lan mikirké omah kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim