33 Pas mréntah dadi raja, Manasyé+ umuré 12 taun lan mréntah 55 taun suwéné ing Yérusalèm.+
2 Manasyé nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké nindakké kabèh sing njijiki sing ditindakké bangsa-bangsa liya sing wis diusir Yéhuwah saka ngarepé Israèl.+