24 Sakwisé Musa rampung nulis kabèh Hukum iki ing buku,+ 25 Musa ngongkon wong Lèwi sing nggawa Pethi Perjanjiané Yéhuwah, 26 ”Kowé kudu njupuk buku Hukum iki+ lan kudu mbok dèlèhké ing jèjèré pethi+ perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kuwi bakal dadi bukti wektu kowé nggawé kesalahan.