-
Pangentasan 15:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Terus, nabi wédok sing jenengé Miriam, yaiku mbakyuné Harun, njupuk rebana, lan kabèh wong wédok ya mèlu njupuk rebana lan nari.
-
-
Para Hakim 4:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Wektu kuwi, ana nabi wédok sing jenengé Débora,+ bojoné Lapidot. Dhèwèké tugasé ngandhani keputusané Gusti Allah soal masalah sing abot sing diadhepi wong Israèl.
-
-
Lukas 2:36Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
36 Ing bait kuwi ya ana nabi wédok sing wis tuwa jenengé Hana anaké Fanuèl saka suku Asyèr. Sakwisé nikah, dhèwèké urip karo bojoné mung pitung taun suwéné,
-
-
Kisah 21:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Sésuké, aku lan sedulur-sedulur mangkat manèh lan tekan ing Kaisaréa. Ing kana, aku lan sedulur-sedulur nginep ing omahé penginjil sing jenengé Filipus. Filipus kuwi salah siji saka antarané wong pitu+ sing dipilih para rasul ing Yérusalèm. 9 Filipus nduwé anak wédok papat sing durung nikah* lan isa mènèhi ramalan.+
-