-
2 Para Raja 22:14-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Mula Imam Hilkia, Ahikam, Akhbor, Syafan, lan Asaya nemoni nabi wédok sing jenengé Hulda+ bojoné Syalum anaké Tikwa anaké Harhas. Syalum kuwi sing ngurusi panggonan kanggo nyimpen klambi. Hulda manggon ing Wilayah Anyar ing Yérusalèm, lan wong-wong mau omongan karo dhèwèké ing kana.+ 15 Hulda kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Kandhanana wong sing wis ngutus kowé marang Aku, 16 ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké panggonan iki lan penduduké kena bencana, yaiku kabèh sing wis ditulis ing buku sing wis diwaca raja Yéhuda,+ 17 merga wong-wong kuwi wis ninggalké Aku lan nggawé asap korban kanggo allah-allah liyané+ bèn nglarani ati-Ku nganggo hasil kerja kerasé.+ Kuwi sebabé Aku bakal nesu karo panggonan iki kaya geni sing terus murub.’”+ 18 Ning, kanggo raja Yéhuda sing ngutus kowé njaluk tuntunané Yéhuwah, ngomonga ngéné, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Soal omongan sing mbok rungokké kuwi, 19 merga atimu tanggap* lan kowé wis ngrendhahké dhiri+ ing ngarepé Yéhuwah wektu kowé krungu omongan-Ku soal panggonan iki lan penduduké, yaiku nèk penduduké bakal dikutuk lan wong sing ndelok kuwi bakal ngrasa wedi, lan merga kowé nyuwèk klambimu+ lan nangis ing ngarep-Ku, Aku ya bakal ngrungokké dongamu, kandhané Yéhuwah. 20 Mula, Aku bakal nglumpukké kowé karo nènèk moyangmu,* lan kowé bakal dikubur. Kowé ora bakal ndelok kabèh bencana sing bakal Tak wènèhké ing panggonan iki.’”’” Terus, wong-wong kuwi nyampèkké jawaban mau marang Raja.
-