-
Pangentasan 12:3-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Ngomonga karo kabèh wong Israèl, ’Ing dina kesepuluh sasi iki, kowé kabèh kudu milih domba siji+ kanggo keluargamu. Domba siji kanggo sak keluarga. 4 Tapi, nèk keluargamu wongé mung sithik lan ora isa ngentèkké domba siji, kowé kudu paroan karo tanggamu sing paling cedhak. Kowé kudu mbagi domba kuwi ing omahmu, sesuai karo jumlahé wong sing mangan lan sepira akèhé sing dipangan saben wong. 5 Kowé éntuk milih domba utawa kambing, ning kudu sing lanang, séhat,+ lan umuré setaun. 6 Kéwan kuwi kudu mbok opèni nganti dina ke-14 sasi iki.+ Saben keluarga saka bangsa Israèl kudu mbelèh kéwan kuwi pas wis arep bengi.*+ 7 Kowé kudu njupuk getihé kéwan kuwi sithik waé, terus mbok cipratké ing kusèn lawang sisih kiwa, tengen, lan ndhuwur. Kuwi kudu mbok cipratké ing kusèn lawang omah sing mbok enggoni wektu kowé mangan kéwan kuwi.+
8 ”’Dagingé kudu mbok pangan bengi kuwi.+ Dagingé kudu mbok panggang ing ndhuwur geni, terus mbok pangan karo sayur pait+ lan roti tanpa ragi.+ 9 Kéwan kuwi kudu dipanggang sak endhasé, sikilé,* lan jeroané. Aja dipangan mentah lan aja digodhog. 10 Aja nganti ana sing turah tekan ésuk. Nèk ana sing turah, kuwi kudu diobong.+ 11 Wektu mangan, kowé kudu wis nganggo sabuk lan sandhal karo nyekel tongkat. Manganmu kudu cepet. Kuwi Paskah kanggo Yéhuwah.
-