-
2 Babad 17:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Ana manèh wong-wong Lèwi sing mèlu bareng wong-wong kuwi, yaiku Syémaya, Nétania, Zébadia, Asahèl, Syémiramot, Yéhonatan, Adoniya, Tobiya, lan Tob-adoniya. Sakliyané kuwi, ana para imam sing mèlu, yaiku Èlisyama lan Yéhoram.+ 9 Wong-wong kuwi mulai mulang ing Yéhuda karo nggawa buku Hukumé Yéhuwah,+ lan wong-wong kuwi lunga ing kabèh kutha ing Yéhuda kanggo mulang wong-wong.
-
-
Néhémia 8:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yésyua, Bani, Syérébia,+ Yamin, Akub, Syabetai, Hodia, Maaséya, Kélita, Azaria, Yozabad,+ Hanan, lan Pélaya, yaiku wong-wong Lèwi, padha njelaské Hukum kuwi.+ Kabèh wong tetep ngadeg. 8 Wong-wong Lèwi kuwi padha macakké buku Hukumé Gusti Allah sing bener, nerangké maksudé, lan njelaské artiné, bèn wong-wong padha ngerti apa sing lagi diwacakké.+
-