PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 12:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Kowé kudu mangan roti tanpa ragi+ pitung dina suwéné. Ing dina pertama, kowé kudu mbuwang ragi* saka omahmu. Saksuwéné pitung dina kuwi, wong sing mangan apa waé sing ana raginé kudu dipatèni.*

  • Kaimaman 23:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 ”’Ing dina ke-15 sasi kuwi, ana Perayaan Roti Tanpa Ragi kanggo Yéhuwah.+ Kowé kudu mangan roti tanpa ragi+ pitung dina suwéné.

  • Pangandharing Torèt 16:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Kowé kudu mangan kéwan kuwi karo roti tanpa ragi.+ Pitung dina suwéné kowé ora éntuk mangan apa waé sing ana raginé. Kowé mung éntuk mangan roti tanpa ragi kaya pas kowé mangan roti tanpa ragi wektu kowé kesusu metu saka Mesir.+ Kuwi kudu mbok tindakké bèn kowé éling karo kesusahan sing mbok alami. Kowé ya bakal terus éling wektu kowé dibébaské saka Mesir.+

  • 2 Babad 30:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Hizkia ngirim pesen marang kabèh wong Israèl+ lan Yéhuda, malah dhèwèké ya nulis surat marang Éfraim lan Manasyé+ supaya padha teka ing omahé Yéhuwah ing Yérusalèm lan ngrayakké Paskah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+

  • 2 Babad 30:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Pitung dina suwéné wong Israèl ing Yérusalèm ngrayakké Perayaan Roti Tanpa Ragi+ karo seneng banget.+ Wong Lèwi lan para imam padha muji Yéhuwah saben dina lan ngunèkké alat musiké banter banget kanggo Yéhuwah.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim