-
1 Para Raja 8:6-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Terus, para imam nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah menyang panggonané,+ ing ruangan sing paling njero ing omah kuwi, yaiku Ruang Mahasuci, lan ndèlèhké kuwi ing ngisoré sayapé kerub-kerub.+
7 Sayapé kerub-kerub kuwi megar ing ndhuwuré Pethi kuwi, dadi Pethi kuwi lan kayu sing dienggo ngusung kena bayangané kerub-kerub kuwi.+ 8 Kayu-kayu sing dienggo ngusung kuwi+ dawa banget nganti pucuk-pucuké kétok saka Ruang Suci sing ana ing ngarepé ruangan sing paling njero, ning ora kétok saka njaba. Kuwi isih ana ing kana nganti saiki. 9 Ing njero Pethi kuwi mung ana lèmpèngan watu+ loro sing didèlèhké Musa ing kono+ wektu ing Horèb, yaiku wektu Yéhuwah nggawé perjanjian+ karo wong Israèl sakwisé wong-wong kuwi metu saka Mesir.+
-