-
1 Para Raja 3:10-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Yéhuwah seneng karo apa sing dijaluk Salomo kuwi.+ 11 Terus, Gusti Allah kandha marang Salomo, ”Merga kowé ora njaluk umur dawa utawa harta utawa njaluk bèn mungsuh-mungsuhmu padha mati, ning kowé njaluk pemahaman sing dibutuhké bèn isa nggawé keputusan sing bener* wektu ngadili,+ 12 mula Aku bakal nuruti apa sing mbok jaluk.+ Aku bakal mènèhi kowé ati sing wicaksana lan kebak pengetahuan,+ supaya sakdurungé kowé lan sakwisé kowé, ora ana wong sing kaya kowé.+ 13 Sakliyané kuwi, senajan kowé ora njaluk, Aku ya bakal mènèhi kowé+ harta lan kemuliaan,+ supaya sakjegé uripmu ora ana raja liya sing kaya kowé.+
-