-
Pangandharing Torèt 30:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 ”Nèk kabèh omongan iki mbok alami, yaiku berkah lan kutuk sing tak omongké marang kowé,+ lan kowé éling+ karo kabèh kuwi wektu Yéhuwah Gusti Allahmu nggawé kowé mencar-mencar ing antarané bangsa-bangsa,+ 2 terus kowé lan anak-anakmu bali marang Yéhuwah Gusti Allahmu+ lan manut karo omongané Gusti Allah sing wis tak omongké marang kowé dina iki saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu,*+ 3 Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé mulih saka panggonan wektu kowé dadi tawanan.+ Gusti Allah ya bakal mesakké+ karo kowé lan ngumpulké kowé saka panggonan-panggonan kowé dipencarké karo Yéhuwah Gusti Allahmu.+
-
-
Danièl 9:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Ing taun pertama pamréntahané kuwi, aku, Danièl, ngerti saka buku-buku* nèk Yérusalèm bakal ditelantarké+ 70 taun suwéné+ kaya omongané Yéhuwah marang Nabi Yérémia. 3 Terus, aku ngadhep marang Yéhuwah Gusti Allah sing bener. Aku ndonga marang Dhèwèké, pasa,+ nganggo kain goni, lan nyawuri awakku nganggo awu.
-