62 Terus, Raja lan kabèh wong Israèl sing ana bareng karo Raja mènèhké akèh persembahan ing ngarepé Yéhuwah.+ 63 Salomo mènèhké korban kerukunan+ marang Yéhuwah: Dhèwèké mènèhké sapi 22.000 lan domba 120.000. Ya ngono kuwi Raja lan kabèh wong Israèl ngresmèkké omahé Yéhuwah.+