-
Kaimaman 4:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”’Terus, dhèwèké kudu njupuk kabèh gajihé sapi persembahan dosa mau, termasuk gajih sing nutupi usus, gajih sing nèmplèk ing usus, 9 lan ginjal loro cedhak pinggang sak gajihé. Gajih ing atiné ya dijupuk bareng karo ginjal mau.+ 10 Sing dijupuk saka sapi lanang kuwi kudu padha kaya sapi lanang sing dadi korban kerukunan.*+ Imam kudu ngobong kuwi kabèh ing mézbah persembahan bakaran.
-
-
1 Para Raja 8:64-66Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
64 Ing dina kuwi, Raja kudu nyucèkké halaman tengah sing ana ing ngarepé omahé Yéhuwah. Ing kana, dhèwèké mènèhké korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé korban kerukunan,* merga mézbah tembaga+ sing ana ing ngarepé Yéhuwah ora cukup kanggo nampung kabèh korban bakaran, persembahan biji-bijian, lan gajihé+ korban kerukunan.* 65 Wektu kuwi, Salomo nganakké perayaan+ bareng karo kabèh jemaat Israèl saka Lébo-hamat* nganti tekan Wadi* Mesir.+ Wong-wong kuwi ngumpul ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé 7 dina suwéné, lan diteruské 7 dina manèh, dadi kabèh suwéné 14 dina. 66 Sésuké,* Raja ngongkon wong-wong kuwi mulih. Wong-wong kuwi njaluk bèn Gusti Allah mberkahi Raja, terus padha bali menyang omahé dhéwé-dhéwé karo bahagia lan seneng banget merga kabèh sing apik+ sing wis diduduhké Yéhuwah marang Daud abdiné lan marang Israèl umaté.
-