-
1 Para Raja 9:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Sakwisé Salomo rampung mbangun omahé Yéhuwah, istana raja,+ lan kabèh sing Salomo péngini,+ 2 Yéhuwah nemoni Salomo manèh liwat mimpi, padha kaya pas ing Gibéon.+ 3 Yéhuwah kandha, ”Aku wis ngrungokké donga lan apa sing mbok jaluk ing ngarep-Ku. Aku wis nyucèkké omah sing mbok bangun kuwi, lan jeneng-Ku bakal Tak dèlèhké ing kono kanggo sakterusé.+ Aku bakal terus nggatèkké lan mikirké omah kuwi.+
-