-
Pangandharing Torèt 4:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 ”Nèk kowé nduwé anak putu lan manggon suwé ing tanah kuwi, terus kowé nindakké dosa lan nggawé patung sing bentuké apa waé,+ lan kowé nindakké apa sing jahat kanggoné Yéhuwah Gusti Allahmu nganti nglarani atiné,+ 26 dina iki langit lan bumi dadi seksiku, nèk kowé bakal langsung mati ing tanah sing mbok rebut sakwisé nyabrang Kali Yordan. Kowé ora bakal manggon suwé ing kono, ning kowé mesthi bakal disingkirké.+
-
-
2 Para Raja 17:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Mula, Yéhuwah nolak kabèh keturunané Israèl, ngrendhahké wong-wong kuwi, lan nyerahké wong-wong kuwi marang para penjarah nganti akhiré Gusti Allah ngusir wong-wong kuwi saka ngarepé.
-