8 Mula, Yéhuwah dadi nesu marang Yéhuda lan Yérusalèm+ lan nggawé wong-wong kuwi kena bencana, supaya wong-wong sing ndelok lan krungu kuwi bakal wedi, nggumun, lan ngrèmèhké,* kaya sing wis mbok delok dhéwé.+
12 Njenengan nindakké apa sing wis Njenengan omongké marang aku+ lan para pemimpin sing mimpin aku.* Njenengan mènèhi aku lan bangsaku bencana sing medèni banget. Ing bumi iki, durung tau ana bencana kaya sing dialami Yérusalèm.+