-
1 Para Raja 10:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Ratu saka Syéba krungu laporan soal Salomo, sing terkenal merga jenengé Yéhuwah.+ Mula, dhèwèké teka kanggo nguji Salomo nganggo pitakonan sing angèl-angèl.*+ 2 Dhèwèké tekan ing Yérusalèm bareng karo iring-iringan sing luar biasa+ lan karo unta-unta sing nggawa minyak balsam,*+ emas sing akèh banget, lan watu-watu sing berharga. Dhèwèké nemoni Salomo lan ngejokké akèh pitakonan sing ana ing atiné. 3 Terus, Salomo njawab kabèh pitakonané ratu kuwi lan njelaské jawabané. Ora ana sing angèl banget kanggoné Raja Salomo
-