27 Hiram ngutus para abdiné, yaiku para pelaut sing wis pengalaman, kanggo kerja ing kapal-kapal+ kuwi karo abdiné Salomo. 28 Wong-wong kuwi lunga menyang Ofir+ lan njupuk 420 talènta emas, terus nggawa kuwi marang Raja Salomo.
22 Raja nduwé kapal-kapal Tarsyis,+ lan kuwi ana ing laut karo kapal-kapalé Hiram. Saben telung taun pisan, kapal-kapal Tarsyis kuwi nggawa emas, pérak, gadhing,+ kethèk, lan merak.
18 Liwat para abdiné, Hiram+ ngirimi Salomo kapal-kapal lan para pelaut sing wis pengalaman. Wong-wong kuwi lunga bareng karo para abdiné Salomo menyang Ofir+ lan njupuk saka kana emas 450 talènta*+ terus digawa marang Raja Salomo.+