-
1 Para Raja 3:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 mula Aku bakal nuruti apa sing mbok jaluk.+ Aku bakal mènèhi kowé ati sing wicaksana lan kebak pengetahuan,+ supaya sakdurungé kowé lan sakwisé kowé, ora ana wong sing kaya kowé.+ 13 Sakliyané kuwi, senajan kowé ora njaluk, Aku ya bakal mènèhi kowé+ harta lan kemuliaan,+ supaya sakjegé uripmu ora ana raja liya sing kaya kowé.+
-
-
1 Para Raja 10:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Dadi, Raja Salomo luwih sugih+ lan luwih wicaksana+ timbang raja-raja liyané ing bumi. 24 Kabèh wong ing bumi ngupaya nemoni Salomo kanggo ngrungokké kawicaksanan sing diwènèhké Gusti Allah marang dhèwèké.+ 25 Saben taun wong-wong kuwi bakal mènèhi hadiah-hadiah, yaiku barang-barang saka pérak lan emas, klambi, senjata, minyak balsam, jaran, lan keledai.*
-