-
1 Para Raja 11:30, 31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Ahiya nyekel klambi njabané kuwi, terus kuwi disuwèk-suwèk dadi 12 bagéan. 31 Terus Ahiya kandha marang Yéroboam,
”Jupuken sepuluh suwèkan kanggo kowé, merga iki kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Aku nyuwèk kerajaan iki saka tangané Salomo, lan Aku bakal mènèhi kowé sepuluh suku.+
-
-
1 Para Raja 14:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, Yéroboam kandha marang bojoné, ”Tulung lungaa menyang Syilo lan nyamara supaya ora ana sing ngerti nèk kowé bojoku. Ing kana, ana Nabi Ahiya. Dhèwèké kuwi sing mbiyèn kandha nèk aku bakal dadi rajané bangsa iki.+
-
-
1 Para Raja 14:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Wektu krungu swara jangkahé wong wédok kuwi pas tekan ing ngarep lawang, Ahiya langsung kandha, ”Mlebua, bojoné Yéroboam. Ngapa kok kowé ndadak nyamar? Gusti Allah wis mènèhi aku tugas kanggo ngandhani kowé kabar èlèk.
-