35 Ning, Aku bakal njupuk kerajaan kuwi saka tangané anaké Salomo lan mènèhké sepuluh suku marang kowé.+ 36 Suku siji bakal Tak wènèhké marang anaké Salomo, supaya keturunané Daud abdi-Ku isa terus mréntah ing ngarep-Ku ing Yérusalèm,+ kutha sing wis Tak pilih bèn jeneng-Ku ana ing kana.