14 Kuwi sebabé nganti saiki, Hébron dadi duwèké Kalèb anaké Yéfuné wong Kénaz, merga dhèwèké manut karo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl saktulusé atiné.+15 Mbiyèn, Hébron kuwi jenengé Kiriat-arba+ (Arba kuwi jenengé wong penting ing antarané wong Anakim). Ora ana perang manèh ing tanah kuwi.+
2Sakwisé kuwi, Daud takon marang Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu lunga menyang salah siji kutha ing Yéhuda?” Yéhuwah njawab, ”Lungaa.” Daud takon manèh, ”Menyang kutha endi?” Gusti Allah njawab, ”Menyang Hébron.”+