-
Purwaning Dumadi 18:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Abraham nyedhak lan takon, ”Apa Njenengan bener-bener bakal matèni wong sing bener bareng karo wong sing jahat?+ 24 Nèk ana wong 50 sing bener ing kutha kuwi, apa Njenengan bakal ngremuk kutha kuwi lan ora bakal ngapura kutha kuwi merga sing 50 mau? 25 Ora mungkin Njenengan matèni wong bener bareng karo wong jahat. Ora mungkin wong bener ngalami sing padha karo sing dialami wong jahat.+ Njenengan ora mungkin kaya ngono.+ Apa mungkin Hakimé bumi tumindak ora adil?”+
-
-
1 Para Raja 14:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Wektu kuwi Abiya anaké Yéroboam lara.
-
-
1 Para Raja 14:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Kabèh wong Israèl bakal nangisi lan ngubur anakmu kuwi. Saka keluargané Yéroboam, mung anakmu kuwi sing bakal dikubur, merga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl ndelok ana sing apik ing atiné.
-
-
2 Babad 19:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Yéhu,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah, anaké Hanani+ marani Raja Yéhosyafat lan takon, ”Apa pantes njenengan nulungi+ wong jahat lan nresnani wong sing sengit karo Yéhuwah?+ Kuwi sebabé Yéhuwah nesu karo njenengan. 3 Ning, Gusti Allah ndelok nèk isih ana sing apik saka njenengan,+ merga njenengan wis nyingkirké cagak-cagak suci* saka tanah iki lan wis nyiapké ati* kanggo nglayani Gusti Allah sing bener.”+
-