-
2 Babad 13:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Gatèkna, Gusti Allah sing bener ndhukung lan mimpin aku. Imam-imamé nyebul trompèt kanggo tandha perang nglawan kowé. Wong Israèl, aja nglawan Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu, merga kowé ora bakal berhasil.”+
-
-
2 Babad 32:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Kowé kabèh kudu kendel lan kuwat. Aja wedi karo raja Asiria+ lan kabèh balané merga balané awaké dhéwé luwih akèh timbang balané dhèwèké.+ 8 Balané dhèwèké kuwi lengené* manungsa, ning balané awaké dhéwé kuwi Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, sing bakal mbantu lan perang kanggo awaké dhéwé.”+ Wong-wong kuwi padha dikuwatké merga omongané Hizkia raja Yéhuda kuwi.+
-