-
1 Para Raja 15:20-22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Bèn-hadad ngrungokké omongané Raja Asa lan ngutus para pemimpin pasukané kanggo nyerang kutha-kutha Israèl, lan wong-wong kuwi ngalahké Iyon,+ Dan,+ Abèl-bèt-maaka, kabèh Khinèrèt, lan kabèh dhaérah Naftali. 21 Pas Baasya krungu kuwi, dhèwèké langsung mandheg mbangun* Rama lan tetep manggon ing Tirza.+ 22 Terus, Raja Asa ngundang kabèh wong Yéhuda, lan wong-wong kuwi padha ngangkuti watu lan kayu sing digunakké Baasya kanggo mbangun Rama. Bar kuwi, Raja Asa nggunakké kuwi kabèh kanggo mbangun* Géba+ ing Bènyamin lan mbangun Mizpa.+
-