-
1 Para Raja 22:9-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Mula, raja Israèl ngundang salah siji pejabat istana lan kandha, ”Cepet gawanen Mikaya anaké Imla mréné.”+ 10 Wektu kuwi raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda nganggo jubah kerajaan lan lungguh ing takhtané dhéwé-dhéwé, ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* ing ngarep gerbang Samaria. Kabèh nabi padha ngramal ing ngarepé raja-raja kuwi.+ 11 Terus, Zédékia anaké Khénaana nggawé sungu-sungu saka wesi lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Nganggo sungu-sungu iki kowé bakal nyrudug* wong Siria nganti kabèh wong kuwi disingkirké.’” 12 Kabèh nabi liyané ya ngramalké sing padha, kandhané, ”Majua menyang Ramot-giléad, lan njenengan bakal suksès. Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”
-