-
1 Para Raja 22:13-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Utusan sing dikongkon ngundang Mikaya kuwi kandha, ”Tak kandhani, kabèh nabi wis padha ngomong sing apik-apik marang Raja. Tulung, kowé ya ngomonga sing apik-apik marang Raja kaya wong-wong kuwi.”+ 14 Ning dhèwèké kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, apa waé sing diomongké Yéhuwah marang aku, ya kuwi sing bakal tak omongké.” 15 Terus Mikaya ngadhep Raja. Raja takon, ”Mikaya, aku kudu mangkat perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Mikaya langsung njawab, ”Majua, njenengan bakal suksès. Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.” 16 Terus Raja kandha, ”Nganti ping pira aku kudu ngongkon kowé sumpah, supaya kowé mung ngomongké sing sak beneré marang aku nganggo jenengé Yéhuwah?” 17 Mikaya kandha, ”Aku ndelok kabèh wong Israèl padha kocar-kacir ing gunung-gunung,+ kaya domba sing ora nduwé gembala. Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora nduwé majikan. Bèn waé wong-wong kuwi bali lan slamet tekan omahé dhéwé-dhéwé.’”
-