-
1 Para Raja 22:29-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Mula, raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda mangkat menyang Ramot-giléad.+ 30 Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Aku bakal nyamar lan mangkat perang, ning kowé nganggoa jubah kerajaanmu.” Mula, raja Israèl nyamar+ lan mangkat perang. 31 Raja Siria wis mènèhi préntah ngéné marang 32 pemimpin pasukan krétané,+ ”Aja nyerang sapa waé, embuh kuwi prajurit utawa pemimpin pasukan. Serangen waé raja Israèl.” 32 Pas para pemimpin pasukan kréta weruh Yéhosyafat, wong-wong kuwi langsung mikir, ’Kuwi mesthi raja Israèl.’ Mula, wong-wong kuwi mbalik kanggo nyerang, lan Yéhosyafat mbengok-mbengok njaluk tulung. 33 Wektu para pemimpin pasukan kréta kuwi sadhar nèk wong kuwi jebulé dudu raja Israèl, wong-wong kuwi langsung mundur lan ora ngoyak* manèh.
-