PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 12:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Yéhuwah nemoni Abram lan kandha, ”Aku bakal mènèhké tanah+ iki marang keturunanmu.”+ Mula ing kana, Abram mbangun mézbah kanggo Yéhuwah sing wis nemoni dhèwèké.

  • Néhémia 9:7, 8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Njenengan kuwi Yéhuwah Gusti Allah sing bener, sing milih Abram+ lan nggawa dhèwèké metu saka Ur,+ kuthané wong Khaldéa, lan njenengi dhèwèké Abraham.+ 8 Njenengan ngerti nèk dhèwèké setya marang Njenengan.+ Mula, Njenengan janji arep mènèhké tanahé wong Kanaan, Hèt, Amori, Pèriz, Yébus, lan Girgasyi marang dhèwèké lan keturunané.+ Njenengan nepati janjiné Njenengan, merga Njenengan mesthi nindakké sing bener.

  • Yésaya 41:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 ”Ning kowé, hé Israèl, kowé abdi-Ku.+

      Hé Yakub, kowé sing Tak pilih.+

      Kowé keturunané* Abraham kanca-Ku.+

  • Yakobus 2:23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 23 Mula, ayat iki kelakon tenan: ”Abraham nduwé iman marang Yéhuwah.* Kuwi sebabé, Gusti Allah nganggep dhèwèké wong sing bener.”+ Dhèwèké ya disebut sahabaté Yéhuwah.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim