PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Wilangan 20:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Tulung ijinké aku ngliwati tanahé njenengan. Aku ora bakal ngliwati ladhang utawa kebon angguré njenengan, lan aku ya ora bakal ngombé saka sumur-sumuré njenengan. Aku mung bakal mlaku ngliwati Dalan Raja.* Aku ora bakal ménggok ngiwa nengen nganti aku metu saka wilayahé njenengan.’”+

      18 Ning, raja Édom njawab, ”Kowé ora éntuk liwat ing tanahku. Nèk kowé nékad, aku bakal nyerang kowé nganggo pedhang.”

  • Pangandharing Torèt 2:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Aja mungsuhan karo wong-wong kuwi, merga Aku ora bakal mènèhké tanahé wong-wong kuwi marang kowé, sithik waé ora.* Aku wis mènèhké Gunung Séir marang Ésau.+

  • Pangandharing Torèt 2:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Terus Yéhuwah ngomong karo aku, ’Aja mungsuhan utawa perang karo Moab, merga tanahé wong-wong kuwi blas ora bakal Tak wènèhké marang kowé. Ar wis Tak wènèhké marang keturunané Lot.+

  • Pangandharing Torèt 2:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Pas kowé wis tekan ing cedhak wilayahé wong Ammon, aja ngganggu utawa nggawé masalah karo wong-wong kuwi, merga Aku ora bakal mènèhké tanahé wong Ammon marang kowé. Aku wis mènèhké tanahé wong-wong kuwi marang keturunané Lot.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim