-
Yosua 11:4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Mula, wong-wong kuwi padha mangkat karo kabèh prajurité sing jumlahé akèh banget kaya pasir ing pantai, lan karo jaran-jaran lan kréta perangé sing akèh banget.
-
-
2 Babad 32:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Kowé kabèh kudu kendel lan kuwat. Aja wedi karo raja Asiria+ lan kabèh balané merga balané awaké dhéwé luwih akèh timbang balané dhèwèké.+ 8 Balané dhèwèké kuwi lengené* manungsa, ning balané awaké dhéwé kuwi Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, sing bakal mbantu lan perang kanggo awaké dhéwé.”+ Wong-wong kuwi padha dikuwatké merga omongané Hizkia raja Yéhuda kuwi.+
-