-
2 Para Raja 9:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Mula, Yéhu ngadeg lan mlebu ing omah. Terus, keturunané nabi kuwi ngesokké minyak ing sirahé Yéhu lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Aku nglantik kowé dadi rajané umaté Yéhuwah, yaiku bangsa Israèl.+ 7 Kowé kudu matèni keluargané Ahab majikanmu, lan Aku bakal mbales getihé para nabi-Ku lan kabèh abdiné Yéhuwah liyané sing wis dipatèni Izebèl.+
-