-
2 Para Raja 11:9-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Para pemimpiné wong satus+ nindakké persis kaya sing dipréntahké Imam Yéhoyada. Wong-wong kuwi nggawa pasukané dhéwé-dhéwé, yaiku pasukan sing éntuk tugas pas dina Sabat lan sing ora, terus padha nemoni Imam Yéhoyada.+ 10 Terus, imam kuwi mènèhké tombak lan tamèng bunder duwèké Raja Daud, sing ana ing omahé Yéhuwah, marang para pemimpiné wong satus. 11 Para penjaga istana+ jaga ing panggonané dhéwé-dhéwé karo nggawa senjata. Wong-wong kuwi jaga ing sak ubengé Raja, saka sisih tengené omah kuwi nganti tekan sisih kiwané, ing cedhak mézbah+ lan omah. 12 Terus, Yéhoyada nggawa anaké raja+ metu lan ndèlèhké mahkota lan Kesaksian*+ ing sirahé anaké raja kuwi. Wong-wong kuwi ndadèkké dhèwèké raja lan nglantik dhèwèké. Wong-wong kuwi mulai keplok-keplok karo kandha, ”Muga-muga Raja diberkahi.”+
-