PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Para Raja 11:13-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Wektu Atalia krungu swarané wong-wong mlayu, dhèwèké langsung marani wong-wong ing omahé Yéhuwah.+ 14 Terus, Atalia ndelok Raja ngadeg ing cedhak cagak kaya kebiasaané para raja.+ Para pemimpin lan wong sing nyebul trompèt+ ana ing kono karo Raja. Kabèh wong ing tanah kuwi padha seneng-seneng lan nyebul trompèt. Wektu ndelok kuwi, Atalia nyuwèk klambiné lan mbengok, ”Pengkhianatan! Pengkhianatan!” 15 Imam Yéhoyada mènèhi préntah marang para pemimpiné wong satus,+ yaiku wong sing ditugaské kanggo mimpin pasukan. Dhèwèké kandha, ”Gawanen wong wédok kuwi metu saka barisan pengawal, lan sapa waé sing ngetutké wong wédok kuwi kudu mbok patèni nganggo pedhang!” Sakdurungé, imam kuwi wis kandha, ”Aja matèni dhèwèké ing omahé Yéhuwah.” 16 Mula wong-wong kuwi nangkep dhèwèké, lan nggawa dhèwèké menyang dalan sing diliwati jaran-jaran nèk arep mlebu istana,+ bar kuwi matèni dhèwèké ing kana.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim