-
Pangentasan 30:12-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Wektu kowé ngétung jumlahé wong lanang Israèl,+ saben wong lanang kuwi kudu mènèhi tebusan marang Yéhuwah kanggo nyawané bèn wong kuwi ora kena bencana wektu didaftar. 13 Kabèh wong sing didaftar kudu mènèhi setengah syèkel,* nurut syèkel* panggonan suci.+ Sak syèkel kuwi padha karo 20 géra.* Setengah syèkel kuwi sumbangan kanggo Yéhuwah.+ 14 Wong sing didaftar umuré kudu 20 taun munggah, lan wong-wong kuwi kudu mènèhi sumbangan kanggo Yéhuwah.+ 15 Sing sugih ora éntuk mènèhi luwih saka setengah syèkel, lan sing mlarat ora éntuk mènèhi sumbangan marang Yéhuwah kurang saka setengah syèkel kanggo nebus nyawané. 16 Wong Israèl kudu mbok jaluki dhuwit pérak kanggo nebus nyawané wong-wong kuwi. Dhuwit kuwi kanggo ndhukung kegiatan sing ditindakké ing kémah pertemuan, lan bèn Yéhuwah ngéling-éling wong Israèl. Dhuwit kuwi ya bakal dadi tebusan kanggo nyawamu.”
-