-
2 Para Raja 14:1-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Ing taun keloro pamréntahané Yéhoas+ anaké Yéhoahaz raja Israèl, Amazia anaké Yéhoas raja Yéhuda dadi raja. 2 Pas mréntah dadi raja, Amazia umuré 25 taun lan mréntah suwéné 29 taun ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Yéhoadin saka Yérusalèm.+ 3 Dhèwèké terus nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah, ning ora kaya Daud+ nènèk moyangé. Sing dhèwèké tindakké padha kaya sing ditindakké Yéhoas bapaké.+ 4 Ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké,+ lan wong-wong isih terus mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+ 5 Sakwisé wewenangé dadi raja saya kukuh, dhèwèké matèni para pelayan sing mbiyèn matèni Raja, yaiku bapaké.+ 6 Ning, dhèwèké ora matèni anak-anaké wong-wong sing matèni mau. Tumindak kuwi cocog karo préntahé Yéhuwah sing ditulis ing buku Hukum Musa, yaiku, ”Bapak ora éntuk dipatèni merga dosané anaké, lan anak ora éntuk dipatèni merga dosané bapaké. Saben wong kudu dipatèni merga dosané dhéwé.”+
-