-
2 Para Raja 14:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Terus, Amazia ngirim utusan marang Yéhoas anaké Yéhoahaz anaké Yéhu raja Israèl, kandhané, ”Ayo, adhepana aku ing perang.”+ 9 Bar kuwi, Yéhoas raja Israèl ngirim pesen iki marang Amazia raja Yéhuda: ”Suket eri ing Lébanon ngirim pesen marang wit aras* ing Lébanon, ’Wènèhna anakmu wédok bèn dadi bojoné anakku lanang.’ Ning, ana kéwan liar ing Lébanon liwat lan ngidak-idak suket eri kuwi. 10 Kowé pancèn wis ngalahké Édom,+ mula atimu dadi sombong. Puas-puasna kemenanganmu kuwi, ning tetepa manggon ing istanamu. Ngapa kok kowé kudu nggolèk masalah lan nggawa Yéhuda tiba bareng karo kowé?”
-